Budal jam 9,, ngisi bensin ndek rampal, mari ngisi bensin angip ngomong " rek kown lak ero dalan...bal bla bla..." ngomong'e ruwet gak karuan sampek aku ambek tungtung gak itreng blas,, padal intine mek ijol goncengan,, ngono ae ribet gak karuan.
Wes tekok tumpang kok peteng...bah wes gak ngoros,, pas ndek loket pertama kan lak mbayar 1000,, aku durung mbayar moro-moro wonge ngomong " wes wes...wes mari mas" heh?? yo wes sek ate di gas angip ngomong " guduk pak, guduk arek iki mburie iku lho seng wes di bayar ". Waaahhhh angip gak iso di jak licik maleh mbayar wes. Loket ke dua beruntung seng njogo ganok hahahahaha...ndek kono mbayare larang'e 12.500 sepeda siji arek loro. Lewat loket loro musibah teko wes sepedae galpan gak kuat, tapi sek iso, lha tapi wek'e tungtung ambek tomat gak kuat. Mlaku wes wong loro ,, wes ketemu tomat njalok ijol, yo wes polae biyen aku goncengan ambek tungtung kuat, pertama kuat moro rodok suwe lha kok gak kuat,, wadoh aku mlaku wes dalanne munggah gak karuan JASIK !!!! mlaku ambek meso-meso....iyo lek pisan peng bolak balik mlakue...hadoh wes weteng loro,,
Akhir'e nyampek ndek persimpangan bromo,, ndek kono ngasuh sek ambek ngenteni udanne mari, pas ndek kono tomat kebelet beol, ngerepoti ae arek iki...arek'e ngeseng ndek nduwur ambek nggowo banyu sak botol,,suuuwwweeeeee....ngeseng ndek alas ambek dinikmati...jasik !! wes mari modon nang lembah,,,waaahhhhh wapik gak karuan pingin ndang foto ae...wes foto peng bolak-balik,, bareng ambek wong-wong sakeluarga,, onok kodew siji nayamul kipa....hehehe

Iki seng megelno "liwat padang pasir" sepeda iso mlaku lurus sakti own....seng galpan megaya wes di kandani ojok smsan ngeyel mleot wes pedae,,, tekok tengah-tengah foto-foto disek...

Wes meh tekok bromo bingung golek parkiran,, parkiran seng ndek isor'e bromo kok ganok ? akhir'e ketemu nggen'e wadoh tekok bromo dadi mlaku sek,, lek numpak kuda 50 lek pp 100 he?? nang kene ae mek nggowo ojir 25...mlaku ae, mlaku tekok parkiran nang bromoe ae wadoh iku sek durung munggah'e... munggah'e kuesel wes weteng loro,, tekok nduwur yo mek lungguh-lungguh tok gak nang kawah'e, males polae mambu entut....
Maringono modon, wes tekok wihara opo pure mboh jenenge opo,, lha kok udan, wes gak iso mlayu gara-gara weteng loro mlaku ae wes di kancani tomat (suwon mat,, equalitymu apik !!),ngiyup ndek warung ambek ngipok, au yo njokok krupuk'e wong pisan, hehehehe.... udan mari moleh es,, tekok lembah yo udan maneh,, hadohhh...wes ndek bromo adem kudanan tambah adem....siip !!
Akhir'e tekok Tumpang wes gak udan, tapi yo tetep adem,tekok Tumpang tuku oskab murah 2000 oleh wakeh....kane lop wes,, tapi masalah'e aku sek tetep kademen, lekes ae sampek keder....mari mangan langsung ngalup,,
Wes ndek hamur adus banyu anget,, tapi banyu anget'e gak ngaruh aku sek tetep kademen sek tetep keder,, jasik !! wes gak nang bromo maneh lek udan-udan !!
0 komentar:
Posting Komentar