Idola, mimpi, ambek cita cita ~


Wes peng piro ae aku nyobak kabeh idola, mimpi ambek cita cita tapi koyok e kurang pas kabeh, sampek akhire aku nemu seng paling wasik. Idola, mimpi ambek cita cita, 3 iku nyambung kabeh. Mulai aku ngidolano wong sampek ngimpi dadi wong iku, terus duwe cita cita seng podo ambek idolaku.
Kabeh wong pasti duwe cita cita, lek menurutku iku gae tujuan urip. Lek ganok cita cita kon ate lapo, Uripmu ate manganturunelek manganturunelek, Susah beh ~
Mulai cilik aku duwe sakjuta ewu ewu eket cita cita.

Kayalan hari ini

Awal e mek guyon mene ate ijab Kabul
Ancen podo podo geje ples seneng ngayal dadi yo nyambung terus
Petek tak kongkon mbalek nang malang, tapi de’e ngongkon aku nyusul nang madiun numpak bis, terus engkok di kek I alamat moro takok supir angkot
Podo podo gak gelem ngalah, moro sepakat ngenteni petek moleh sek
Moro ngurus kua, ambek golek penghulu bareng bareng
Mari tekok kua ngukur klambi, milih undangan
Foto prewed !
Fotografer e adis, editor e musili. Fotone outdoor cek ketok bintang :D

Konco

Duwe konco iku enak sumpah. Rusak apik mboh model opo awakmu pasti diterimo
Masio ta aku tompelan
Masio ta bartindo sak rai cangkem tok
Masio ta zen ngebek ngebek I nggen (gak zen tok seh, onok maneh sek an, tapi wedi tersinggung aku)
Pasti sek di terimo dadi konco
Susah seneng bareng, mangan ngombe bareng, pipis eek bareng (gak enak koyok e)
Sampek angel dipisah koyok lem sego ngambek layangan
Sampek onok pepatah
Sejuta teman kurang, satu musuh terlalu banyak

Nganggur



Kenek opo aku nulis iki ?
Jawapane nganggur

Aneh yo ? ancen yo ngono iku aku. Bisa melakukan apapun tanpa sebab, hahaha
Aku ancen gak seneng nganggur, kudu onok kegiatan mboh iku lapo ~
Korban korbane akeh wesan, misal ferrys pas psg ndek seamolec. Pas arek e nggarap ono moro moro tak gepuk,
terus de’e takok “lapo e ? “

Maaf

Gak ndek sms, fb opo twitter
Tulisane “maaf”
Artine global, aku minta maaf ples memaafkan

Kenek opo kok singkat ?
Aku gak pinter nggae kata kata, tapi sak kata iku ae , ben wong mesti ngarteknoe bedo bedo. Cukup sak kata wes iso ngewakili.

Opo o kok “maaf” padahal biasane kon nggae boso jowo, opo o kok gak “sepurane” ae ?
Soale cek global, bahasa Indonesia lak menyatukan bahasa bahasa a (megaya)

Tekos



Kewan khayal seng paling tak wedeni. Sumpah ben ketemu arek iku mesti ndredek aku. Padahal lho yo lecek, ngono aku yo kok wedi.
Gak aku gak wedi, mek gilo !
Lek ambek hamster opo marmot ono sek wani aku. Lek musuh tekos sumpah gilo.
Buntut e ilo ~
Nggemesi  *pose unyu* (tapi dalam arti sebaliknya, unyu dadi anya)

Wes peng pindo aku berhadapan langsung ambek tekos.
1.       Pas pertama kali futsal aku lak nggoleki sepatuku a. Ancen wes suwe gak tak gae dadi nggene ndek njero nemen. Pas tak jupuk muncul monster tanpa bulu berkepala tikus meloncat dengan indahnya. Aku langsung bergerak cepat melebihi kecepatan cahaya menuju tempat evakuasi (maksut : kamar)
Raiku putih pucet, ndredek nuemen lebih ndredek timbangane di cedek i arek wedok, langsung bisu, kaku koyok wong stroke. Untung onok ibukku seng iso berubah dadi power renjes pink seng nggowo tongkat, langsung tarung musuh monster monster iku. Lek ibukku yo menangan ta jeh ~
Koyok e ndek omah seng iso musuh tekos mek ibuk tok, sakti ancen :D

Panggilan

Biasane ~
Biasane lek wong pacaran iku wes onok panggilan dewe nang pacare. Onok seng cinta, sweetheart, honey, bunny , sweety, sampek seng nggilani yank (nggae "k" lho iku) opo seng lebih parah "ieaanckghst" hara kon ~
Aku gak ngelarang wong ngomong ngono, tapi


Tumblr

Saran tekok agus a.k.a simelamyne ambek irtak ngongkon aku nggae tumblr. Ngomonge luwih gampang timbang blog.
Pertama seh pikir pikir sek, blog iku wes suwe tak gawe mosok moro moro pindah ke lain hati *ngelus ngelus blog*

“sori lho blog(pas kata “blog” ambek nyentak”), aku koyok e ate poligami.”
“iyo pep gakpopo”, blog nangis titik tapi ikhlas.

Langsung mbukak http://www.tumblr.com
Wes mari kenalan, daftar dan sebagainya, pas ate posting untuk pertama kalinya koneksi melok lemes, gak semangat blas. Jarene seh gara gara gak sahur arek e maleh lemes.
 Posting ditunda ~

Nah sekarang koneksi sudah semangat seperti biasanya.
Langsung posting.

Oiyo, postingan seng ndek blog koyok e onok seng tak copy rene, gakpopo wes ya ?

Selamat bergabung di http://emonbebekmerah.tumblr.com
yeyey ~
 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates