Konco

Duwe konco iku enak sumpah. Rusak apik mboh model opo awakmu pasti diterimo
Masio ta aku tompelan
Masio ta bartindo sak rai cangkem tok
Masio ta zen ngebek ngebek I nggen (gak zen tok seh, onok maneh sek an, tapi wedi tersinggung aku)
Pasti sek di terimo dadi konco
Susah seneng bareng, mangan ngombe bareng, pipis eek bareng (gak enak koyok e)
Sampek angel dipisah koyok lem sego ngambek layangan
Sampek onok pepatah
Sejuta teman kurang, satu musuh terlalu banyak



Niateiki aku cerito beberapa koncoku, masio bedo bedo tapi podo apik e. Lek jenenge konco ancen ganok elek e kok
1. Arek sma 6

Aku kenal ambek arek arek iki lho mek diluk, yo gak akrab akrab nemen. Tapi arek arek iki apik an, jenenge wes konco ya.
Seng ngek i jeneng emon nang sepedaku lak arek arek iki a ~
Iki ceritane pas aku nang tamban, gara gara kesalahpahaman aku budal dewean nang tamban(goblokku asline). Ndek kono seneng seneng wes. Wenak ono ~
Tapi pas moleh e bencana teko. Sepedaku ben 2 kiloan moro moro mandek. Padahal lho pas budal gakpopo, santé santé ae.
Aku ngebut gak karuan lho yo gakpopo (ngebut e emon iku yok opo e ? aku kok koyok e bangga)
Nggregetno ancen, sektas numpak dilute mandek. Mbenakno busine, nggosok I maneh
Sumpah ruet, tapi masio ngono arek arek iki lho gak ngeroso direpoti. Sek ngewangi mbenakno, sek di enteni gak ninggal dewe dewe. Sek senyum, sek iso guyon
Aku kenal kon mek diluk ancen tapi aku wes ero lek kon arek arek apikan 

2. Rpl b versi anteng

Arek meneng meneng gak kakean polah. Tapi tetep apikan
Kerjoan e mbolang nangdi nangdi
Nggarap tugas bareng, seleh selehan tugas. Pokok dadi pusat e tugas, soale mesti nggarap e :D








3. Smp 6




Hadoh arek arek niat sekolah. Ndek kelas ngintipi kampes e arek wedok (korban : azarine), nggandol(sampek mbatu tau lho), nang pak min, jagongan ndek ngarep, dsb.

Tapi seng paling hobi ngerasani, korban : guru, murid, mbah doni(bau naga, abab), risky per(minuman surga,kelek), wong tuo (bapak e yaser, mari dirasani gak suwe meninggal, hara ~ ), ginanjar (dodol buah diakali tok), pak min (podo ae, sering di akali), tomi ribka (dodol cilok lek gak salah), wong dodol cimol, rahmat darmawan (tukang parkir).

Seng paling nemen pas tuku es rumput laut. Pertama kipil ambek ambon tok tuku, regane asli 2500 tapi din yang dadi 1500. Mene ne nggowo arek akeh tukune 1500 an kabeh
Nyesel paling seng dodol wes ngekek i diskon ~




4. Petek

Opo o petek tak lebok no “konco” pisan ?
Soale petek iku global, iso dadi konco, sahabat, musuh, ujub, ples teman hidup sampek sakterus e ~
Seng paling ero aku njobo njero
Onok opo opo di bagi, gak oleh orep dewe
Kabeh ditanggung bareng
Wes akeh cerito lek ambek arek iki. Kesel aku ngetik e ~





5. Eureka family



Tekok jenenge a ewes ketok lek arek arek iki gak ngerti nggen e eureka iku ndek ndi ?
Arek omahan seng gak tau dolen, oleh metu sak ulan pisan -.-

Arek arek kayal, iso meneng nemen. Penggaweane unoan, fingerboard, ndelok acara, maling, mabuk, nyodomi(aku gak melok lek iki, paling golongane ian, cko, arjo, dan kawan kawan), wakeh wes penggaweane arek arek iki seng pasti kayal kayal ~

Arek arek seng mesti serius dalam menghadapi segala cobak’an (dalam artian sebaliknya)

6. Arek tanjung / Krikers


Walah lek iki tak tulis lengkap yo, sampek drijiku ekor Sembilan yo gak mari
Konco mulai cilik,sampek saiki gak entek entek
Sek ndek kandungan a ewes dulinan tekongan
Wes lapo ae ono ~
Tak tulis seng kayal kayal ae ya ?

Ngedu semut,ngingu kewan (meri, petek, cupang), dodol doa witir, balbalan ndek tengah embong, merconan ndek wong cino, mbalangi omae wong arab, nggrosok cak har, ngresik i jeroan wedus (isine telek tok), ngeplak kucing, nang mall sandal jepitan kabeh(swalo,sky way), nang warnet bareng bareng mlaku tapi masio ta adoh, sepedaan keliling malang, nggedor omae wong sampek di uber uber, mateni saklar e wong, seng paling apik remas :D
Masio kayal tapi sek muslimin rek, sek dadi remaja masjid

Cukup sakmono ae ya, wes akeh iku


Sepurane rek lek onok seng ganok ndek foto, tapi tak eleng eleng terus ndek ati (wenaak ~)
Suwon rek aku iso duwe konco koyok kon
Aku yo njaluk sepuro lek aku rodok gak ngenakno nang kon
Gak kirane lali aku ambek kon

You are my best friends :D
(megaya bahasa inggris barang)

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates