Tekos



Kewan khayal seng paling tak wedeni. Sumpah ben ketemu arek iku mesti ndredek aku. Padahal lho yo lecek, ngono aku yo kok wedi.
Gak aku gak wedi, mek gilo !
Lek ambek hamster opo marmot ono sek wani aku. Lek musuh tekos sumpah gilo.
Buntut e ilo ~
Nggemesi  *pose unyu* (tapi dalam arti sebaliknya, unyu dadi anya)

Wes peng pindo aku berhadapan langsung ambek tekos.
1.       Pas pertama kali futsal aku lak nggoleki sepatuku a. Ancen wes suwe gak tak gae dadi nggene ndek njero nemen. Pas tak jupuk muncul monster tanpa bulu berkepala tikus meloncat dengan indahnya. Aku langsung bergerak cepat melebihi kecepatan cahaya menuju tempat evakuasi (maksut : kamar)
Raiku putih pucet, ndredek nuemen lebih ndredek timbangane di cedek i arek wedok, langsung bisu, kaku koyok wong stroke. Untung onok ibukku seng iso berubah dadi power renjes pink seng nggowo tongkat, langsung tarung musuh monster monster iku. Lek ibukku yo menangan ta jeh ~
Koyok e ndek omah seng iso musuh tekos mek ibuk tok, sakti ancen :D
2.       Mang isuk pas ate adus. Pas wes jarak 2 meter ambek jeding, ketok onok tekos cangkrukan ndek kono ~
Mbalek sek, ngenteni cek ngaleh sek ~
Mbalek nang jeding maneh sek nyante nyante ndek kono, wanyik !
Langsung golek senjata,
Nemu ladeng !
Eman ladenge tapi ~
Botol !
iso di gae bom molotov iku ~
Tapi terlalu menghabiskan banyak tenaga untuk makhluk selemah itu
Watu !
Searching ndek google gak seh ndek teras tapi ganok, onok e pot yo abot ta ~
Nang kamare akung, nggolek ndek kotak persenjataane akung
Nemu :D
Wesi kotak, bagian nduwore onok lapisan pelindunge gae nyekel, bagian isore bergerigi koyok parutan !
Kurang serem yok opo iku ?
Tekok jarak 3 meter ancang ancang koyok pitcher (lapo mikir ? gak ngerti pitcher a ? yeek gak ngerti pitcher on ~ nggilani ii ~)

Mental wes siap, ancang ancang yo wes siap, YO !
*mbalang wesine*
Tar !
Kenek jo !
Tekos e langsung mlayu, tapi posene koyok suter ngesot ilo ~ sumpah gak goro !
Sekel mburine wes lumpuh !
Terus kabur melbu nang baskom, langsung tak kurung pisan ndek kono
Tapi masio wes tak kurung lho aku sek wedi -.-
Sek ndredek ndredek salting ono, koyok arek kasmaran ~

Koyok e seh arek e nginep, soale ibuk males ngetokno
Aku dikongkon ngetokno dewe yo wedi ta -.-

Iki lho fotoe dari 3 sudut yang berbeda lho ~


Tak wani wani no iku ~
Tapi yo jarno seh nginep ndek omah sewengi, lek di kongkon moleh bengi bengi ngene terus kekancingan yok opo ?
Lak sakaken ta ~

Nginep o sek wes ya ?
Ojok sungkan sungkan anggep ae omah dewe :)

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates