Idola, mimpi, ambek cita cita ~


Wes peng piro ae aku nyobak kabeh idola, mimpi ambek cita cita tapi koyok e kurang pas kabeh, sampek akhire aku nemu seng paling wasik. Idola, mimpi ambek cita cita, 3 iku nyambung kabeh. Mulai aku ngidolano wong sampek ngimpi dadi wong iku, terus duwe cita cita seng podo ambek idolaku.
Kabeh wong pasti duwe cita cita, lek menurutku iku gae tujuan urip. Lek ganok cita cita kon ate lapo, Uripmu ate manganturunelek manganturunelek, Susah beh ~
Mulai cilik aku duwe sakjuta ewu ewu eket cita cita.

Tau ngidolano power renjes lek gak ngono spidermen opo kamen rider pokok super hero superhero ngono lah, iku lak kuat a ! Iso berubah, pas onok arek ngelamak langsung berubah dadi kamen rider nggowo sepeda motor ngetokno pedang tarung sak kesel e wani aku. tapi pedange power renjes ambek kamen rider mesti gak landep,iyo kan ?
Opo dadi naruto seng iso kagebunshin. Terus dadi wakeh, iso nyebar nangdi nangdi. Gak repot, lek tarung iso kroyok an. Wenak kan ya ? Kon nggowo bolo wong sak endonesa bersatu kita teguh yo gak masalah aku. Dadi lek onok arek ngelamak langsung tak keplak i, masio awake gak sak pundak ku gak ngurus soale aku !
Terus ngayal duwe doraemon, njaluk alat penghenti waktu. Ngendekno waktu terus nyolongi duwek, cincin, kalung, tamiya, stiker, umbul dan kawan kawan.Lek gak ngono njaluk alat seng nggarai ngganteng ambek duwur, wasik paling yoo ~
Tapi jelas gak mungkin
Kayal ikuu ~
Rodok gede titik idolae seng rodok jelas, conan dadi detektif. Mecahno kasus kasus, duwe alat alat seng wasik, pinter. Wasik iku jeh, lek pinter ngono lak akeh arek wedok seng ndelok a jeh. Tapi masio pinter lek duwe wujud koyok aku yo angel taa. Yo gakpopo seh dadi detektif, keren jeh ! Tapi sayange otakku gak nutut opo lek dadi detektif. Pas pembagian otak biyen tekoe kari kari dadi oleh seng elek, mangkane gak pinter aku (guduk goblok lho, mek gak pinter )

Tau ngidolano penyanyi mboh sopo aku lali. Dadi artis, nangdi nangdi seng nyopo akeh. Terkenal,duwek akeh,Wenak ikuu. Tapi lek onok wong ngerungokno suaraku pas nyanyi, kupinge iso sampek diare 3 minggu ~
Gak sido wes dadi penyanyi ~
Demi keselamatan dunia ini !

Dani pedrosa !
Pembalap seng awak e cilik, paling cocok ambek aku soale awake podo cilice. Raiku mirip mirip la (mboh ambek opone tapi). Tapi aku lek nggowo sepeda mlakune paling 30-40 an. Ambek bapak bapak sarungan gajah duduk yo sek kalah aku. Langsung mengurungkan niat dadi pembalap.
Aku yo tau lho pingin dadi Presiden. Duwe kekuasaan, iso ngatur negoro. Wasik paling yaa ~
Nggawe Partai Pelopor Organisasi
Lek disingkat dadi PELO
Semboyan e
Contreng tompele !

Tapi kerosone angel dadi presiden, keduwuren soale. Dadi walikota ae wes ! Ngganteni pak peni, duwure gak bedo adoh kok. Lek aku dadi walikota, ndek malang seng tak majuno pariwisatae.Akses nang kono tak apik I, fasilitas, keamanan ambek kebersihan terjamin dadi cek akeh seng nang kono. Begal cek nganggur wes, cek ganti profesi dadi penjaga pantai. Lak podo dempal e a ambek seng ndek film Baywatch !
Terus nggae gedung kesenian. Dadi seniman ambek fotografer seng ate majang hasil karya e cek gampang. Terus band band indie iso maen ndek kono, gratis ! Pokok nggen e berkarya sakpuase.
Dadi ojok lali
Contreng Tompele !

Cukup sakmono ae beh. Idola, mimpi, ambek cita cita ku lek di itung sampek matahari duwe anak 2 wes dadi sarjana kabeh yo gak mari ~
Lek saiki aku wes nentokno cita cita. Aku gak onok idola wesan, aku pingin golek dalan dewe gak pingin niru wong. Soale durung mesti wong seng sekolah e podo, mulai plegrup sampek kuliah nasib e iso podo. Mangkane aku gak pingin niru.
Cita citaku simple jeh
Ndelok ibukku nangis geruh geruh soale terharu. Aku gak nargetno carae yok opo, seng penting wasik ~
Nikah sepisan tok ae, ruet lek peng bolak balik. Mosok nikah bolak balik sampek moco ojab kabul ambek merem ae apal ? gak wasik iku jeh. Sakkaken seng bowoh, bolak balik nang pegadean mek gae bowoh tok ~
Mati dalam keadaan sujud. Sumpah pengen aku. Keren iku ! Tapi lek sholat ku koyok saiki seng koyok rambute ebesku (baca:jarang jarang), yo gak kirane keturutan ~

Wes iku tok cukup. Iku wes nggarai seneng menurutku. Seneng lak relatif a jeh, tapi jareku iku wes sangat membahagiakan ~
Gak salah kok duwe idola impian ambek cita cita. Kon duwe mimpi model opo ae lho ganok undang undang seng ngelarang. Sampek onok lagu “Hidup berawal dari mimpi”. Masio ngono mikire yo ojok mimpi basah tok, lepok kon sue sue ~
Nggaweo cita cita seng wasik jeh, cek ganok seng ngembari ! Lek onok seng ngembari elek berarti cita citamu, cita citamu tuku ndek pasar gede yo ?
Pasaran ~
 Tapi yo ojok ngimpi tok jeh,mosok mek ngimpi terus  lali iku mang ngimpi opo.
Seng bener ~
Mari ngimpi, ndang tangio ndang di wujudno mimpimu iku :D

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates