Biasane lek wong pacaran iku wes onok panggilan dewe nang pacare. Onok seng cinta, sweetheart, honey, bunny , sweety, sampek seng nggilani yank (nggae "k" lho iku) opo seng lebih parah "ieaanckghst" hara kon ~
Aku gak ngelarang wong ngomong ngono, tapi
ngomong iki ngganteng sakti on ~
Rai koyok ndek nduwur iku ngomong "yang". Modele koyok Bartindo mangan pencit seng di pepe pas upacara 17 an moro ndodok nang wc, lah delok en hasil akhire yoiku lek aku ngomong "yang". Lek kon gak mutah dewo on ~
*menghirup nafas dengan berat*
Rasane kudu ngomong yeek seng serempak bareng wong limolas !
Dadi aku nyeluk e biasa ae. Pol polan paleng lek pas guyon nyeluk pacar. Tapi lek kon duwe pendapat liyo seh gak masalah, aku mek mengungkapkan sebuah rahasia.
Raiku gak kompatibel nggae fitur "yang".
*nangis terharu*
Wes takdir raiku koyok ngene, nerimo ae aku ~
0 komentar:
Posting Komentar