Emon, iku jenenge sepedaku mboh opo o kok di jenengi iku. Seng njenengi yo guduk aku, arek arek sma 6 seng njenengi, lek tak jenengi paling jenenge sepeda motor.
Ciri Ciri
Sepeda seng kecepatane paling banter paling 60, lek keadaan mati ndek dalan mudun iso sampek 100 barang. Totok ngarep sebelah kiri ganok mur e dadi uculan, dadi lek mlaku ambek nyekeli cek gak klotak klotak. Lek gas e entek iso mati barang, tau aku pas ndek stopan pas lampu abang murup terus dadak pas ijo langsung mati, mbolan mbaleni sampek peng 3(bayangno iku). Speedometer e rusak, seng gae ngecek bensin yo rusak dadi yo sering lali ngisi bensin sampek nyurung nyurung barang(bonar gelek iku ngancani aku nyurung). Mbukak jok kudu nggae kunci khusus, kunci peok bekas e gembok sepeda pancalku. Onok cara lio gae mbukak jok, lek kon perhatekno ndek plat mburi iku onok tali, lha iku tariken terus jok e bukak en. Lampu sen e saiki yo rusak, gak iso murup. Kontak e bentuk e aneh, lek gak ero tengeran e iso muter sak lap sek ket iso melbu genah. Oline bocor, ben mandek mesti onok jejak e. Skok(gak ngerti tulisane seng bener yok opo aku jeh) mesti muni ngak ngik ngak ngik. Lek pas ngerem suarane aneh. Sepedae anteng, lek gae culculan enak. Bensine irit gak karuan. Lek nang stoppan onok wong ngamen mesti di liwati, mboh opo o? padal yo lek ngamen nang aku yo gak tak kek i.
Sejarah e Emon
settings variable JDK di windows
seng nulis
Peppy
on Senin, 14 Juni 2010
Label:
postingan genah
/
Comments: (0)