Idola, mimpi, ambek cita cita ~


Wes peng piro ae aku nyobak kabeh idola, mimpi ambek cita cita tapi koyok e kurang pas kabeh, sampek akhire aku nemu seng paling wasik. Idola, mimpi ambek cita cita, 3 iku nyambung kabeh. Mulai aku ngidolano wong sampek ngimpi dadi wong iku, terus duwe cita cita seng podo ambek idolaku.
Kabeh wong pasti duwe cita cita, lek menurutku iku gae tujuan urip. Lek ganok cita cita kon ate lapo, Uripmu ate manganturunelek manganturunelek, Susah beh ~
Mulai cilik aku duwe sakjuta ewu ewu eket cita cita.

Kayalan hari ini

Awal e mek guyon mene ate ijab Kabul
Ancen podo podo geje ples seneng ngayal dadi yo nyambung terus
Petek tak kongkon mbalek nang malang, tapi de’e ngongkon aku nyusul nang madiun numpak bis, terus engkok di kek I alamat moro takok supir angkot
Podo podo gak gelem ngalah, moro sepakat ngenteni petek moleh sek
Moro ngurus kua, ambek golek penghulu bareng bareng
Mari tekok kua ngukur klambi, milih undangan
Foto prewed !
Fotografer e adis, editor e musili. Fotone outdoor cek ketok bintang :D

Konco

Duwe konco iku enak sumpah. Rusak apik mboh model opo awakmu pasti diterimo
Masio ta aku tompelan
Masio ta bartindo sak rai cangkem tok
Masio ta zen ngebek ngebek I nggen (gak zen tok seh, onok maneh sek an, tapi wedi tersinggung aku)
Pasti sek di terimo dadi konco
Susah seneng bareng, mangan ngombe bareng, pipis eek bareng (gak enak koyok e)
Sampek angel dipisah koyok lem sego ngambek layangan
Sampek onok pepatah
Sejuta teman kurang, satu musuh terlalu banyak

Nganggur



Kenek opo aku nulis iki ?
Jawapane nganggur

Aneh yo ? ancen yo ngono iku aku. Bisa melakukan apapun tanpa sebab, hahaha
Aku ancen gak seneng nganggur, kudu onok kegiatan mboh iku lapo ~
Korban korbane akeh wesan, misal ferrys pas psg ndek seamolec. Pas arek e nggarap ono moro moro tak gepuk,
terus de’e takok “lapo e ? “

Maaf

Gak ndek sms, fb opo twitter
Tulisane “maaf”
Artine global, aku minta maaf ples memaafkan

Kenek opo kok singkat ?
Aku gak pinter nggae kata kata, tapi sak kata iku ae , ben wong mesti ngarteknoe bedo bedo. Cukup sak kata wes iso ngewakili.

Opo o kok “maaf” padahal biasane kon nggae boso jowo, opo o kok gak “sepurane” ae ?
Soale cek global, bahasa Indonesia lak menyatukan bahasa bahasa a (megaya)

Tekos



Kewan khayal seng paling tak wedeni. Sumpah ben ketemu arek iku mesti ndredek aku. Padahal lho yo lecek, ngono aku yo kok wedi.
Gak aku gak wedi, mek gilo !
Lek ambek hamster opo marmot ono sek wani aku. Lek musuh tekos sumpah gilo.
Buntut e ilo ~
Nggemesi  *pose unyu* (tapi dalam arti sebaliknya, unyu dadi anya)

Wes peng pindo aku berhadapan langsung ambek tekos.
1.       Pas pertama kali futsal aku lak nggoleki sepatuku a. Ancen wes suwe gak tak gae dadi nggene ndek njero nemen. Pas tak jupuk muncul monster tanpa bulu berkepala tikus meloncat dengan indahnya. Aku langsung bergerak cepat melebihi kecepatan cahaya menuju tempat evakuasi (maksut : kamar)
Raiku putih pucet, ndredek nuemen lebih ndredek timbangane di cedek i arek wedok, langsung bisu, kaku koyok wong stroke. Untung onok ibukku seng iso berubah dadi power renjes pink seng nggowo tongkat, langsung tarung musuh monster monster iku. Lek ibukku yo menangan ta jeh ~
Koyok e ndek omah seng iso musuh tekos mek ibuk tok, sakti ancen :D

Panggilan

Biasane ~
Biasane lek wong pacaran iku wes onok panggilan dewe nang pacare. Onok seng cinta, sweetheart, honey, bunny , sweety, sampek seng nggilani yank (nggae "k" lho iku) opo seng lebih parah "ieaanckghst" hara kon ~
Aku gak ngelarang wong ngomong ngono, tapi


Tumblr

Saran tekok agus a.k.a simelamyne ambek irtak ngongkon aku nggae tumblr. Ngomonge luwih gampang timbang blog.
Pertama seh pikir pikir sek, blog iku wes suwe tak gawe mosok moro moro pindah ke lain hati *ngelus ngelus blog*

“sori lho blog(pas kata “blog” ambek nyentak”), aku koyok e ate poligami.”
“iyo pep gakpopo”, blog nangis titik tapi ikhlas.

Langsung mbukak http://www.tumblr.com
Wes mari kenalan, daftar dan sebagainya, pas ate posting untuk pertama kalinya koneksi melok lemes, gak semangat blas. Jarene seh gara gara gak sahur arek e maleh lemes.
 Posting ditunda ~

Nah sekarang koneksi sudah semangat seperti biasanya.
Langsung posting.

Oiyo, postingan seng ndek blog koyok e onok seng tak copy rene, gakpopo wes ya ?

Selamat bergabung di http://emonbebekmerah.tumblr.com
yeyey ~

Yeek

Yoiku kata paling sering tak gae. Padahal mek singkat tapi akeh seng ngomong lek iku megelno. Jare petek pisan raiku paling megelno lek pas ngomong yeek. Artine yeek iku opo e ?

Seng durung onok kamus seng isine onok kata yeek mangkane aku gak ero arti aslie.
Ruet ancen yo ? Lek pas cilik ngartekno seng nggilani iku jenenge yeyek tapi opo podo ambek yeek ?

Lali aku mulai kapan belajar ngomong yeek. Tapi ben mesti ngomong yeek reaksine wong wong mesti bedo bedo.

Peppy by Fira Mellyanti Izzazi

TIGA !
15082010 2259
Some little things about Peppy
- Tompelnya banyak di muka sisi kanan ! kecil kecil , sama yang gede ada rambutnya
- Jerawatnya gede gede di atas mata sebelah kiri
- Kerian dimana mana , dipegang dikit udah nggliut nggliut nggak karuan
- Gusinya gede !
- (ngakunya) hampir sixpack nggak tau iya apa nggak
- Kayak aku , punya tailalat dibawah bibir :3
- Jam bobo biasanya mentok mentok jam 11an
- Tingginya nggak beda jauh sama aku =.=
- Ukuran kakinya kisaran 39-40 . kayak aku (lagi)
- Nggak pernah ngerokok ! apalagi mabuk . salut aku ~
- Dimple-nya mekso -3-
- Ngaku ngaku ngganteng
- Berapa minggu ini (nggak deng , beberapa bulan) nggak suka godekan
- Betisnya gede , horor :3

Tampilan Baru

Yeyeyey !
Wes bosen ancen nggae tampilan seng lawas, warnae kenemenen. Kursor e muter muter onok tulisane peppy melok i terus. Update yo jarang. Tapi saiki wes bedo !
 Tampilan anyar. Tambahan widget e wes akeh. Aslie guduk aku seng nambai, di ewangi septa aku. Onok chat e, wes tak setting cek gampang metu emoticon e, contoh :

Emon !

Emon, iku jenenge sepedaku mboh opo o kok di jenengi iku. Seng njenengi yo guduk aku, arek arek sma 6 seng njenengi, lek tak jenengi paling jenenge sepeda motor.


Ciri Ciri

Sepeda seng kecepatane paling banter paling 60, lek keadaan mati ndek dalan mudun iso sampek 100 barang. Totok ngarep sebelah kiri ganok mur e dadi uculan, dadi lek mlaku ambek nyekeli cek gak klotak klotak. Lek gas e entek iso mati barang, tau aku pas ndek stopan pas lampu abang murup terus dadak pas ijo langsung mati, mbolan mbaleni sampek peng 3(bayangno iku). Speedometer e rusak, seng gae ngecek bensin yo rusak dadi yo sering lali ngisi bensin sampek nyurung nyurung barang(bonar gelek iku ngancani aku nyurung). Mbukak jok kudu nggae kunci khusus, kunci peok bekas e gembok sepeda pancalku. Onok cara lio gae mbukak jok, lek kon perhatekno ndek plat mburi iku onok tali, lha iku tariken terus jok e bukak en. Lampu sen e saiki yo rusak, gak iso murup. Kontak e bentuk e aneh, lek gak ero tengeran e iso muter sak lap sek ket iso melbu genah. Oline bocor, ben mandek mesti onok jejak e. Skok(gak ngerti tulisane seng bener yok opo aku jeh) mesti muni ngak ngik ngak ngik. Lek pas ngerem suarane aneh. Sepedae anteng, lek gae culculan enak. Bensine irit gak karuan. Lek nang stoppan onok wong ngamen mesti di liwati, mboh opo o? padal yo lek ngamen nang aku yo gak tak kek i.

Sejarah e Emon

settings variable JDK di windows

Klik kanan pada My Computer, pilih Properties



Pilih Advanced system settings
Klik tab Advanced, kemudian klik tombol Environment Variables

Tamban Berdosa


Minggu, 28 maret 2010. Gak kirane ilal au ambek kejadian pas tanggal iku. Pertamae pas dino sabtu ngumpul nang eureka, janjian ate dolen mboh nangdi pokok’e budal jam 7, padahal asline aku ate kolem nawaku seng ate nang omrob tapi gak odis polae aku nang eureka ambek petek, lek aku kolem nang omrob petek molehe yok opo. Wes gelem kabeh ngumpul jam 7 !
Moro pas minggune kusi-kusi tomat wes tak kongkon nang hamur, moro nyusul tung-tung. Wes ngumpul arek 3, moro telpon bonar, jam 7 iku telpon tapi arek’e sek sante-sante ndek hamur’e. Jasik !! wingi ngotot jam 7 tapi sek sante-sante. Moro musili telpon aku lek gak nggowo adepes. Waduh tambah tewur ae.
Moro nang hamure bonar au. Sms-I kera-kera gae golek goncengan, yoga gelem tapi nggowo diki, waaah yo podo ae gondrong. Moro nang zein wes, zen gelem tapi gak di kandani lek ate nangdi. Musili moro telpon membawa kabar gembira, adepes’e osi di gowo. Yuhu ~ oleh goncengan.
Zein ambek bonar nang hamur’e musili, aku nyusul T2 (tomat & tung-tung). Ngumpul nang musili ngatur goncengan aku ambek musili, T2, bonar ambek zein. Trus ladub nang omae luki. Zein lek nggowo peda nalep pol, koyok motor cinta, aku maleh inisiatif gonceng zein,polae lek zein ambek bonar moro zein ketinggalan lak ayahab ta, podo-podo gak eruh dalan’e, lek aku lak eruh a(megaya !). Formasine ganti zen ambek aku, T2, tio luki,bonar musili,mbayonk dewean tapi maringono nyusul tindo sek.
Ladub !!

Arema vs Persebaya

Pertandingan seng paling di enteni, musuh bebuyutan sak buyut-buyut'e dimusuhi...hehehe...
Tiket'e ae sek dino jumat wes akeh seng entek padal maen'e sek minggu. Ayas yo ngungib ukut tiket ndek ndi. Akhir'e nyobak nesep ndek sam kamim, nesep 8 tiket iku mboh kurang mboh lebih gak ero wes. Dino minggu di etong arek'e kok mek 6, yo wes sisae di tuku lek hud ambek aku. Cek iso di dol henam, nayamul a jez. Dino sabtu ae tiket sing rego asline 25 iso dadi 35, lek dino minggu lak tambah heka ae ta. Jam 9 kusi njokok tiket ndek sam kamim, pertama jare rego 35, waahhhh yo ojok sam, modon dadi 30, akhir'e deal rego 28. Moro awan-awan nawak'e sam memet golek tiket, yo wes wekku tak dol ae lumayan payu 40.

Jam setengah 2 ladub, asline aku pingin ngerab sam memet tapi kera-kera wes ladub yo wes gak sido. Tuku ninseb sek ndek nagrem, lha ayas ladub ambek emon yo di iseni 5ewu ae cukup. Ngumpul ndek pom bensin nukus moro ladub wes. Pas ndek dalan ayas lak nggawe kocomoto a jez, ambek kodew ndek libom iso di rasani own.... ayas yo mesam mesem tok ta...hehehhe....

Killing Me Inside in Gedung Ganesha

Kipa acara iki jez,, wes band'e kipa band pembuka'e yo kipa. Mangkane nesep tiket pas reboe masio mainne sek sabtu masio ngono yo luwih murah lek sakdurunge hari h(aku asline gak itreng maksud'te "hari h" tapi akeh wong sengg nggawe istilah iku, aku yo maleh kolem). Nesepe nang ketuae vierrania sam "RW", nesep hulupes ojir'e 250000 pas wes. Jare wonge " rek sabtu NGENE lOH !!!" (tangan loro karone di gawe model metal terus di silangno, raine yo mbanyol pisan) .


Mene'ne njokok kwitansi ndek sma lab(halokes'e sam RW), njokok tiket'e sabtu nang buzz store.Pas njokok nang buzz jare wonge di kongkon njokok nang "venue" e (guaya nggawe boso inggris).

Bromo di waktu yang tidak tepat

Senin,,25 januari 2010...aku loro, tapi ambek arek-arek di jak nang bromo,, ehmmm....yo wes aku kepingin nang kono, ladub wes bah loro gak ngurus paleng lek wes teko kono yo waras...

Budal jam 9,, ngisi bensin ndek rampal, mari ngisi bensin angip ngomong " rek kown lak ero dalan...bal bla bla..." ngomong'e ruwet gak karuan sampek aku ambek tungtung gak itreng blas,, padal intine mek ijol goncengan,, ngono ae ribet gak karuan.

Wes tekok tumpang kok peteng...bah wes gak ngoros,, pas ndek loket pertama kan lak mbayar 1000,, aku durung mbayar moro-moro wonge ngomong " wes wes...wes mari mas" heh?? yo wes sek ate di gas angip ngomong " guduk pak, guduk arek iki mburie iku lho seng wes di bayar ". Waaahhhh angip gak iso di jak licik maleh mbayar wes. Loket ke dua beruntung seng njogo ganok hahahahaha...ndek kono mbayare larang'e 12.500 sepeda siji arek loro. Lewat loket loro musibah teko wes sepedae galpan gak kuat, tapi sek iso, lha tapi wek'e tungtung ambek tomat gak kuat. Mlaku wes wong loro ,, wes ketemu tomat njalok ijol, yo wes polae biyen aku goncengan ambek tungtung kuat, pertama kuat moro rodok suwe lha kok gak kuat,, wadoh aku mlaku wes dalanne munggah gak karuan JASIK !!!! mlaku ambek meso-meso....iyo lek pisan peng bolak balik mlakue...hadoh wes weteng loro,,

Akhir'e nyampek ndek persimpangan bromo,, ndek kono ngasuh sek ambek ngenteni udanne mari, pas ndek kono tomat kebelet beol, ngerepoti ae arek iki...arek'e ngeseng ndek nduwur ambek nggowo banyu sak botol,,suuuwwweeeeee....ngeseng ndek alas ambek dinikmati...jasik !! wes mari modon nang lembah,,,waaahhhhh wapik gak karuan pingin ndang foto ae...wes foto peng bolak-balik,, bareng ambek wong-wong sakeluarga,, onok kodew siji nayamul kipa....hehehe

Sak'aken

Iki critane maling-maling gak profesional. Seng pertama pas aku ndek exibition room dome UMM, pas diskonan barang-barang distro, pas aku meleh klambi moro - moro onok wong loro ndesel-ndesel padal ndek nggen iku sepi tapi kok ndesel-ndesel aku yo curiga, tapi sing sijine basne koncone koncoku, aku maleh gak curiga. Rodok suwe ono aku keroso pupuku kok keri-keri, ternyata !!! wonge homo,,,(sing terakhir iku mang goro...) wonge iku mang ate njokok hp ku,, ketok tangane cekel-cekel langsung tak gepuk,, wonge langsung dadi artis.....akting milih-milih klambi,moro langsung ngaleh...gagal wes rencanae...hehehe

seng ke loro,, pas aku nonton bareng ndek gajayana,, wonge ndek kono gak karuan...wuwakuweh (sampek angel nulise) pas ate ublem kan desek-desek'an , lha iku tasku tak cangklong ndek mburi, moro aku eleng, tas ku langsung tak pindah nang ngarep tak cek...basne tasku mbukak,,tak delok dompetku ilang,, lho !!
aku langsung bengak-bengok..."he dompetku ilang..!!!" wong ndek ngarepku dengan santenya ngomong " ati-ati mas lek ndeleh barang " jasik wong wes bengong nggolek'i dompet sek ket ngandani,, moro aku

3 option

akeh yo 3,,

1. tetep psg ndek pemkot,,wong-wonge nyenengno,suasana'e enak,ndek malang, tapi kerjaan'e OL facebook opo ngewangi njgo warnet..paling pol ngeliput kegiatan iku ae jarang...di bayar tapi kurang polae nggen kerjoe adoh seminggu paling titik entek bensin 15,,

2. ndek seamolec, psg ndek sekolah ambek wong 7 seng pasti pinter-pinter seng ambek pasti sesuai jurusan, tapi aku ndelok biyen kakak kelas kerjaan'e jarang tapi yo iku sesuai jurusan iku sing enak ,,tapi gak di bayar,,
yo gakpopo seh cedek nggen'e gak usah nggowo sepeda..

3. iki seng rodok abot DIKNAS,, di bayar 750.000 !! weeehhh wakeh iku !! nggene apik koyok

Akhirnya...

akhirnya terisi juga....
setelah lama blog ini mengangggur,,akhirnya terisi juga :)

ini adalah awal yang baik guna memanfaatkan fasilitas internet ( bosone megaya ),,

siiipp,, bakal'e tak update terus....!!
 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates