Yeek

Yoiku kata paling sering tak gae. Padahal mek singkat tapi akeh seng ngomong lek iku megelno. Jare petek pisan raiku paling megelno lek pas ngomong yeek. Artine yeek iku opo e ?

Seng durung onok kamus seng isine onok kata yeek mangkane aku gak ero arti aslie.
Ruet ancen yo ? Lek pas cilik ngartekno seng nggilani iku jenenge yeyek tapi opo podo ambek yeek ?

Lali aku mulai kapan belajar ngomong yeek. Tapi ben mesti ngomong yeek reaksine wong wong mesti bedo bedo.


1. Pas maen remi opo uno ono pas onok seng kalahan omongono “ yeek kalahan oon ~ “ pasti lek gak mesoh mesoh langsung raine gak enak. Contoh bartindo pas ndek twitter.

2. Petek saiki lak yo ketularan ngomong yeek a, terus dek’e aksperimen. Pas iku adike,bejo pas nangis kan ya terus petek ngomong “yeek nangisan oon ~”.
Bejo langsung dadi vokalis band screamo seng wapik. Bejo langsung iso nyecream ambek menjiwai sampek metu air mata dengan derasnya,nyecream ambek maen emosi sumpah keren !
Kalah nyecreamku (aku iso nyecream ?).

3. Memutuskan hubungan tali silahturahmi (tulisane bener a rek ?).
sek tak nyopot kaos sek, masio bengi bengi ngene puanas sumpah.
1 menit kemudian …
Wes mari ~
Isis jeh ~
Oke, kok iso akibate ngono, mari saya jelaskan. Lek kon mlaku mlaku ndek nggen sepi sepi terus onok wong ngujub ndek semak semak, pepohonan, utowo rawa rawa langsung ngomongo “yeek nggilani ngujub ndek kene on ~”
Langsung keadaan berubah 180 derajat (iku mang ate tak kek’I symbol derajat tapi gak nemu, yoweslah).
Pertamae iku mang lak mesra mesraan, cedek cedekan, rangkul rangkulan, tempeleng tempelengan, bacok bacokan (seng khayal khayal iku goro). Mari kon ngomong yeek lak langsung ngadoh, gak nyopo, koyok gak kenal,ekspresine khayal ~
Haduh, emane talah ~
Kon seh ngomong yeek, ngesroh ae, ngaleo !
Gak usah mbalek rene maneh !

4. Yang keempat. Semisal kon liwat kali ndek perkampungan (ndek kampungku ganok jeh) biasae lak onok wc VIP (Very Important Person) = wong seng puentenge nemen. Ojok nganggep wong seng ate beol iku gak penting, cobaken wes lek onok wong kebelet terus kancingen ndek kamarmu terus anggepen gak onok, lak terjadi sesuatu yang dahsyat !
Tapi tak saranno ojok nyobak ndek omah lek ganok ahli bersih bersih ~
Sek mbalek nang wc VIP, wc VIP dilengkapi fasilitas seng full ac alami pemandangan alami pisan guduk gambar opo layar tv tapi asli. Kon iso dadi pusat perhatian lek nyobak wc VIP.
Nah semisal kon ketemu wong ndek wc iku cobaken ngomong “yeek nggilani oon ~”. Wonge pasti ndek raine murup abang tandae sinyal bahaya terus langsung dadi flash seng gerakane melebihi kecepatan cahaya seng gak iso didelok kasat mata ! tangane langsung srat sret slepet ~
Cuepet gak karuan ~
Tapi yo mboh maneh lek wajah wajah koyok bartindo ono, masio kon ngomong yeek ambek nyecream koyok vokalise TBDM yo pancet ae diterusno upacara rituale ~
Aku ancen durung tau nyobak seng ndek bagian 4 iki tapi aku yakin prediksiku bener

5. Bahagia !
Ancen efek bahagia guduk nang korban seng kon omongi yeek tapi gae wong seng ndek sekitarmu. Aku wes pengalaman soale, mari aku ngomong yeek seng laine langsung ngguya ngguyu seuneng koyok mari oleh bedak baby sak kerdus ilo ~
Gakpopo lah mengorbankan satu orang demi kebahagiaan banyak orang. Nggarai wong seneng lak oleh pahala a, tapi yo sek onok seng porek gara gara ngomong yeek.
Tips lek ngomong yeek cek akeh pahala :
Maeno uno wong 6 ya, terus siji cingen cek kalah tok. Ijol ijol kartu opo ngeracik ono. Terus seng siji lak kalahan a, lha iku seng 5 bareng bareng ngomong yeek sakbanter banter e.
Kenek opo kok iso oleh pahala ?
Nggarai wong seneng lak pahala a, nah kon mari ngomong yeek pasti koncomu seng 4 iku lak ngguyu ngguyu seneng, lha iku oleh pahala. Tapi seng porek mek 1.
Oleh pahala 4 dikurangi duso 1, dadine pahala e oleh 3 ~
Wenak ya ?
Dadi lek ngomong yeek iku lek iso nggowo wong akeh pisan, pahalae cek tambah akeh. Kudu kompak tapi !
Oke ?

Dan masih banyak lagi efek dari yeek ~

Tau kepikiran ate mandek ngomong yeek, tapi angel. Soale mesti langsung reflek, podo ae koyok luki ambek senyum licike. Pas mari ngijolno opo nyingitno kartu lak langsung metu senyum licik’e ~
Opo bartindo ambek mulute. Pas mari ngentut seng ambune semerbak, mulut sempite lak langsung bereaksi ngarani arek arek seng ndek cedek e ~
Aku yo ngono, onok opo ono lak langsung reflek ngomong yeek.
Angel ancen. Tapi jare ian ambek riko iku dijarno ae cek dadi trensenter ~
Yeyey ~

Itulah fenomena dari kata yeek yang sangat dahsyat efeknya. Medeni ancen tapi lek kon dadi korban yo seng sabar ae ~
Wes ngantuk aku, wes jam 12:34 (ngenteni sek sakmenit cek pas)
Oke turu sek,cek gak telat sahur ~

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates