Tiket'e ae sek dino jumat wes akeh seng entek padal maen'e sek minggu. Ayas yo ngungib ukut tiket ndek ndi. Akhir'e nyobak nesep ndek sam kamim, nesep 8 tiket iku mboh kurang mboh lebih gak ero wes. Dino minggu di etong arek'e kok mek 6, yo wes sisae di tuku lek hud ambek aku. Cek iso di dol henam, nayamul a jez. Dino sabtu ae tiket sing rego asline 25 iso dadi 35, lek dino minggu lak tambah heka ae ta. Jam 9 kusi njokok tiket ndek sam kamim, pertama jare rego 35, waahhhh yo ojok sam, modon dadi 30, akhir'e deal rego 28. Moro awan-awan nawak'e sam memet golek tiket, yo wes wekku tak dol ae lumayan payu 40.
Jam setengah 2 ladub, asline aku pingin ngerab sam memet tapi kera-kera wes ladub yo wes gak sido. Tuku ninseb sek ndek nagrem, lha ayas ladub ambek emon yo di iseni 5ewu ae cukup. Ngumpul ndek pom bensin nukus moro ladub wes. Pas ndek dalan ayas lak nggawe kocomoto a jez, ambek kodew ndek libom iso di rasani own.... ayas yo mesam mesem tok ta...hehehhe....

Oket parkir ndek masjid seng jarak'e adoh tekok stadion, cek gak macet jez. Ndek njobo stadion ayas foto disek,, moro ate ublem lek hud, angip, ambek reza ngedol tiket. Pertama onok calo ate nuku tiket'e rego 95/2 tiket angip yo gak gelem, moro-moro onok wong-wong teko nokat tiket'e regane orip, karo angip di regani 50, "yo wes butuh 4 aku", tapi tiket'e mek 3 yo wes gakpopo jare wonge. 150 dadi wes, nayamul...
Ublem ndek pintu 14, pas ngantri mburi ku kodew jez, mepet pisan ayas yo bahagia ta..hehehe...ublem golek longgoh ndek pintu 13. Basne seng ndelok guduk aremania malang tok, onok aremania sak indonesia oket hebak, onok pasoepati, LA mania, dll. Ndek njero suanap lop!! ngokob ae rasane koyok di bakar og,, nggawe tas'e lempo gae lemek wes...tapi moro di jaluk lempo yo nggawe mantel ae gae leme. Ndek kono yo nyanyi-nyanyi joget gak karuan wes,, gae nylimurno cek gak sanap. Sing wenak yo pas "bonek jan...COK !!!!! dibunuh saja" kuane lop wes, lego rasane. Iku mesoh-mesoh pas sak durunge maen dadi yo gakpopo. Tapi megelno, pas nggawe syal aku gak nggowo dewe jasik, ngenem tok wes.

Akhir'e pemain'e teko, keliling lapangan. Nyanyi-nyanyi maneh wes, sak stadion nyanyi sampek VIP ae kolem, keren aremania. Ombak sampek peng bolak-balik, biasae 3 unyeran iku sampek wakeh.
Kick off,, maene keras, seneng au. Wakeh pelanggaran, peluang yo nayamul. Opo maneh pas fachrudin nggiring ngelewati wong akeh, moro di shoot. WOOOHHHH....basne gak gol, jasik...babak pertama entek. Pas istirahat ngelak lop,, ganok wong dodol ngombe pisan. Utem golek ngombe wes, ate utem lha kok di tarik ktp, aku yo gak duwe ta, titip wong ae wes 20 ewu oleh 5.

Babak ke 2, jasik maenne persebaya kipa kiper'e sak bek'e yo kipa. Maenne defend total, ninggal andi odang tok ndek ngarep, lha arema maenne welek bolak balik kenek, salah umpan, kakean giring, monoton. Mesoh-mesoh tok au pas iku. Ngono pasoepati golek gara-gara, seng mesoh, nyumet mercon, yo di balangi ambek aremania. Ngono gak terimo malah marani, yo tawuran wes...mlencar gak karuan. Aku ae lali iku mang longgoh ndek ndi.Tasku yo ilang og, tapi moro dikekno ambek sam adi. Maringono onok penalty,, woohhhhhh yo bengak-bengok maneh wes..... seng nyepak njanka, aku gak ndelok penalty'e yok opo pokok krungu suara gol moro melok seneng ae...."wwowhhhhhhh gggoooollllll !!!!" Sueneng gak karuan wes, pas injury time pisan. Nuwus njanka !! gak suwe moro buyar wes....

Ate ngalup foto-foto disek, hehehe....
Moro pas utem lempo takok tas'e, aku yo gak ero ta. Ilang wes...
Ate Ngalup ngombe banyu keran ndek masjid, bah wes timbangane kekeringan. Moro ngalup dengan bahagia, gak rugi tuku tiket larang-larang....hehhehe
0 komentar:
Posting Komentar