Sak'aken

Iki critane maling-maling gak profesional. Seng pertama pas aku ndek exibition room dome UMM, pas diskonan barang-barang distro, pas aku meleh klambi moro - moro onok wong loro ndesel-ndesel padal ndek nggen iku sepi tapi kok ndesel-ndesel aku yo curiga, tapi sing sijine basne koncone koncoku, aku maleh gak curiga. Rodok suwe ono aku keroso pupuku kok keri-keri, ternyata !!! wonge homo,,,(sing terakhir iku mang goro...) wonge iku mang ate njokok hp ku,, ketok tangane cekel-cekel langsung tak gepuk,, wonge langsung dadi artis.....akting milih-milih klambi,moro langsung ngaleh...gagal wes rencanae...hehehe

seng ke loro,, pas aku nonton bareng ndek gajayana,, wonge ndek kono gak karuan...wuwakuweh (sampek angel nulise) pas ate ublem kan desek-desek'an , lha iku tasku tak cangklong ndek mburi, moro aku eleng, tas ku langsung tak pindah nang ngarep tak cek...basne tasku mbukak,,tak delok dompetku ilang,, lho !!
aku langsung bengak-bengok..."he dompetku ilang..!!!" wong ndek ngarepku dengan santenya ngomong " ati-ati mas lek ndeleh barang " jasik wong wes bengong nggolek'i dompet sek ket ngandani,, moro aku
ndelok wong ndodok ndek mburiku (yang ternyata sang maling), paling wong iku ngiro aku ndelok dompetku moro-moro wonge njokokno dompetku moro di kekno padal asline aku gak ero dompetku ndek ndi...hahaha maling goblok,, asline koncoku ero lek aku di maling ngono tapi arek'e mek meneng tok,,oooo pelo !!

1 komentar:

Esdaniar Khoirunisa mengatakan...

apik pep, aku tau kelangan laptop, tapi cek gobloke aku malah meneng ae,, gak wani bengok... aduh, aku sek nyesel geregetan...

Posting Komentar

 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates