Minggu, 28 maret 2010. Gak kirane ilal au ambek kejadian pas tanggal iku. Pertamae pas dino sabtu ngumpul nang eureka, janjian ate dolen mboh nangdi pokok’e budal jam 7, padahal asline aku ate kolem nawaku seng ate nang omrob tapi gak odis polae aku nang eureka ambek petek, lek aku kolem nang omrob petek molehe yok opo. Wes gelem kabeh ngumpul jam 7 !
Moro pas minggune kusi-kusi tomat wes tak kongkon nang hamur, moro nyusul tung-tung. Wes ngumpul arek 3, moro telpon bonar, jam 7 iku telpon tapi arek’e sek sante-sante ndek hamur’e. Jasik !! wingi ngotot jam 7 tapi sek sante-sante. Moro musili telpon aku lek gak nggowo adepes. Waduh tambah tewur ae.
Moro nang hamure bonar au. Sms-I kera-kera gae golek goncengan, yoga gelem tapi nggowo diki, waaah yo podo ae gondrong. Moro nang zein wes, zen gelem tapi gak di kandani lek ate nangdi. Musili moro telpon membawa kabar gembira, adepes’e osi di gowo. Yuhu ~ oleh goncengan.
Zein ambek bonar nang hamur’e musili, aku nyusul T2 (tomat & tung-tung). Ngumpul nang musili ngatur goncengan aku ambek musili, T2, bonar ambek zein. Trus ladub nang omae luki. Zein lek nggowo peda nalep pol, koyok motor cinta, aku maleh inisiatif gonceng zein,polae lek zein ambek bonar moro zein ketinggalan lak ayahab ta, podo-podo gak eruh dalan’e, lek aku lak eruh a(megaya !). Formasine ganti zen ambek aku, T2, tio luki,bonar musili,mbayonk dewean tapi maringono nyusul tindo sek.
Ladub !!
Ngisi bensin sek. Pas ndek pom bensin jare onok seng nyrempet arek ngujub, mboh wes gak ngerti lengkap’e au. Moro pas tekok pertelon pabrik gulo pisah, mbayonk luki tio nyusul tindo sek. Aku ambek seng liyane ladub nalep-nalep, ngisi bensin maneh tewur ancen tung-tung iu, gak menisan. Iku mang rencanae lak ndadak a, dadi lali gak nggowo bontot. Tuku sek ndek dalan, zein soro mek nggowo 8 ewu, polae gak eruh lek dolen adoh. OK OK! Bensin ambek ubleme aku, tuku oges 5000 an ambek aqua 2(padahal ndek kono akeh banyu, ngono sek sangu banyu ae).
Ketemu ndek dalan ambek arek-arek seng misah iku maeng. Ndek tengah dalan pisah maneh, perokok-perokok tuku rokok sek. Pas ndek unggah-unggahan iku rodok gak yakin au, pedae zein lak sak dulur ambek emonku a. Tapi semua keraguan akhirnya terjawab sudah, peda zein kuwat ! yey !!
Ketemu maneh ndek jembatan, ngasuh diluk moro ladub ! wes tekok perkampungane tamban. Dalane alus koyok dalan tol seng mari keluguran meteor. Sampek ate tibo barang e, woooh !!
Sampek ndek loket, rayab’e 5 ewu arek loro. Ojir ku pergi dan tak kembali wes. Wes mbayar ngono ndek njero mbayar maneh,ngomonge ngene “mas parkir’e 2000, di gowo yo gakpopo, tapi yo sampeyan tanggung dewe, iku yo tetep mbayar tapi mas.“ jasik !! kelekmu berduri iku, mendingan parkir ae ta, sakkarep e dewe ae. Pas mbayar aku ambek zein wes ngatur siasat lho, ate gak mbayar parkir, tapi ketemon wonge.
Wooooyyy oket !!
Kipa pantaine jon, sepi pisan. Sak pantai iso di gae dewe. Aku ambek tindo mengawali, tapi ombak’e kok gak serem yo? Padahal terakhir aku rene ombak’ e iso lebih tekok sakmeter setengah. Wes seneng-seneng.
Moro nakam sek, adegane koyok ndek punk in love ilo, seng prasmanan. Sego bungkusan siji gae arek akeh, wooh ! seru tapi, seneng au, kebersamaan ! segoe kecampur pasir tapi, gak popo cek rodok asin titik gantine uya.
Iram nakam seneng-seneng maneh, dulinan pasir seng di gawe bal terus di balangno, wooh hardcore ! musili sak’aken, mbalang arek siji tapi di balang arek wakeh,hahahhaa… aku yo ate di balang pisan, tapi yo gak osi ta, aku sakti polae. Nggawe bantal tekok pasir moro turu-turu wes, langit’e kipa own, sumpah !! sek onok seng remian ndek pantai, jan sip !! Bartindo ambek tio ndek laut gak katok’an pisan, kapok boxer’e tindo ilang.
Wes suwe ono nang watu-watuan,nyekel kepiting gak osi-osi, foto-foto. Seng kipa iku pas ombak’e nabrak watu, wasik on. Mari foto-foto mbalek maneh, dulinan ombak maneh tambah sore ombak’e tambah gede. Aku ngejak ndelok sunset, tapi ganok seng gelem, padal aku pingin(ada yang berminat ngajak saya liat sunset?).
Wes mari moro bilas, telung kamar mandi umum banyune entek. Jasik ! nemu siji tapi nggen’e gak enak onok babine, amune gak enak pisan, durung semut tawura, jeding’e mek onok loro pisan,wadoh tambah sip ae !
Wes iram kabeh sisa T2, moro arek-arek ladub ndisik’i, sisa aku ambek zein. Zein ngotot ndisik’i ae, tak omonggi ngene “bareng-bareng ae lho, dewean iku gak enak sumpah ! ngenteni tung-tung diluk ae lho” (megaya maneh).
Moleh ngisi bensin’e zein, polae mulai budal durung di isi, ngisi sak liter ngutang tung-tung. Pas ndek kono ketemu bonar musili. Bareng wong 6, pas moleh kan onok perempatan, lha aku milih seng lurus polae pavingan, tapi basne buntu, keliru asline seng bener liwat kanan.
Ate metu perkampungan ketemu tio ambek bartindo, arek’e ngongkon mandek. Tak kiro ban’e bocor, basne arek-arek iku mang mari di begal !! wiiih serem. Ngumpul sek ndek omae lurah kono.
Critoe ngene, pas metu tekok tamban kan lewat kuburan, lha ndek kono onok wong-wong gak jelas. Moro moro nabrak pedae luki, luki ngamuk di kiro arek-arek. Luki di balang rokok, ambek di pepet. Tio moro ngenteni luki, helm’e tio moro di jejek sampek pecah. Pas nguber luki moro-moro mandek ganti nguber tio seng sek njokok pecahan’e helm, luki lansung bablas. Moro kabur, pas ndek unggah-unggahan tio ambek bartindo kenek. Di uteri wong 8, kontak pedae tio di jokok, terus hp ne arek-arek yo di jokok. Bartindo di antemi helm’e di jokok. Moro wong-wong iku nguber luki. Mboh luki moro nangdi.
Pas iku sumpah aku ngungib pol, sampek kudu nanges au. Masalahe luki ambek mbayonk iku mang ilang. Ate telpon hpne arek-arek ganok sinyal’e kabeh, hpku onok sinyal’e tapi ganok pulsae. Terus njalok tulung petek ngisino pulsaku, wooohhh !! suwon tek, keren ancen on.
Moro telpon keluargae dewe-dewe. Terus telpon luki, tapi gak iso, wadoh tambah bingung ae aku. Karo lurah’e di tawani, nginep opo langsung moleh. Lek moleh wedine di cegat ambek begal’e iku maeng, lha lek nginep, luki ambek mbayonk yok opo? Pikiranku wes aneh-aneh sing sepedae mbayonk di jukuk begal’e trus arek-arek iku maeng lontang lantong ndek hutan, opo luki di uber kesusu terus tibo. Wadoh ! hpne arek 2 iku maeng ganok seng iso di hubungi polae. Ngenteni mbenakno sepedae tio seng kontak’e ilang cek iso murup maneh, ambek diskusi. Akhir’e nemu solusi terbaik, di terno warga kono sampek entek’e hutan.
Ngalup wes. Pas ndek dalan iku, aku ambek tola-tole ndelok wit-witan nggolek’i luki mbayonk. Wes moro di tinggal ambek wong seng ngeterno iku maeng. Ndek dalan iku wong tuwone arek-arek akeh sing telpon nang hpku. Molehe baris, gak pisah-pisahan maneh. Moro akhir’e ketemu kantor polisi, lapor ambek njalok perlindungan. Di jaluk’i keterangan, ambek ngasuh diluk ndelok upin&ipin(polisi delok’ane ngono, gak serem blas). Pas ndek kono cobak telpon adik’e luki, luki ndek omah opo ora, jarene durung. Waduh yok opo iki?
Setengah jam moro luki sms lek wes ndek omah, alhamdulillah ! jare arek’e mang mari lolos ngenteni ndek jembatan tapi arek-arek gak muncul dadi langsung moleh. Wes iso guyon-guyon wes. Rodok tenang gari nasibpe awak dewe. Wes mari di jaluk’i keterangan moro moleh. Jaketku dig awe bonar, dadi molehe mek nggawe kaos tok wes. Moleh iku njalok terno polisi, dadi di kawal ono. Tapi sek tas metu tekok kantor polisi, polisie wes di tinggal, jan sip arek-arek ! wes ngotot njalok di terno tapi di tinggal, mesoh-mesoh paling polisie.
Tekok turen ngisi zein bensin maneh. Tio ngeterno bartindo moleh, moro gantian arek’e seng njalok terno arek-arek. Ganti goncengan,aku ambek musili zein ambel bonar. Zein lek nggowo peda kalem pol maleh di tinggal ambek tung-tung karo tio. Wes akhir e nyampek kota malang tercinta. T2 wes ilang ndisik’i kari arek 4. Pisah ndek nukus, sampek gang omah, uklam tahes. Sampek ngarep omah ndelok jam ndek hp, jam 22:33 keren !!!
Woooh lego pol nyampek omah,tapi sek ndredeg, serem polae.
Ancen pengalaman yang tak terlupakan !
Lek kown eruh nulis iki marine jam 23:32, iku artine gak kirane mbaleni maneh ! amin !!
1 komentar:
tamban ogk mbayar... hiaha..,
tomat+tungtung iu sopo le,,
iki blog ogk semacam gag genah...
Posting Komentar