when the sky needs to express itself



berekspresi dengan bebas
mengeluarkan semua perasaan dengan warnanya
itulah langit, berbuat semaunya tanpa ada yang membatasi
suka atau tidak ? langit tidak peduli
 

I like this job !

Aku nulis iki ambek bahagia dan senyum tulus lho, soale aku seneng ambek pekerjaan iki. Pekerjaan paling menyenangkan dan paling ikhlas seng tau tak lakoni. Sakdurunge ngelakoni ono iso abot pol, awak rasane gak enak, galau, gelisah, gundah gulana. Tapi pas wes mari ngelakoni mlaku rasane enteng pol, senyum mulai terpancar dari bibir, koyok terlahir kembali soale ngelakonine ambek ikhlas.

Kon ero opo ?
beol :D

Gak niat kopros, tapi sumpah beol iku nggarai lego. Pekerjaan paling ikhlas, kon mari "sedekah" dari seluruh hasil keringatmu tapi kon sungkan ate cerito cerito, mari ngetokno "sedekah" gak kon delok maneh, gak sombong mari ngetokno "sedekah" piro, ikhlas pol pokok e. Pekerjaan yang sungguh nikmat.

Beol yo duwe kelebihan laine. Proses beol bisa memberikan inspirasi, pas ngasuh mari ngeden suwe lak meneng dilut lha pas iku timing seng pas gae metue inspirasi. Pikiran langsung plong, inspirasi metu gak karu-karuan. Timbang sakdurunge beol, mikir rasane angel, buntet, aduh sumpek pokok e.

Beol yo membuka lapangan pekerjaan lho. Sungguh sungguh mulia beol iku, lek ganok beol gak kirane onok wc umum. Onok seh pipis, tapi wong akeh akeh e lek pipis mending ndek wit, lebih rindang dan lebih alami soale.

Beol iku sehat, cobak kon gak beol sak ulan pasti nyambangi rumah sakit. Mangkane beol lah sepuas-puasnya.

Tapi beol yo onok takarane jeh. Ojok beol sedino peng limolas, lek kon gak kebelet yo gak usah. Soale masio kon ngeden sampek super saiya 5 yo gak kirane metu. Membuang ion tubuh iku, karena ngeden selama 1 jam sama dengan futsal selama 90 menit, ganti dengan poccari sw**t.

Lek semisal ndek grafika onok GLA (Grafika Lavatory Award) paling aku seng juara. Soale ben aku ijin nang gurue ono, aku langsung dadi pusat perhatian ndelok i ambek sinis berbisik "wah beol yo pep (backing vocal: "wah beol yo wah beol yo"). Lek aku mbalek e cepet ono langsung takok "wcne kebek a pep ?". Padahal durung mesti aku beol, tapi mesti ngono -.-

Oiyo tak jelasno  pemetaan lokasi toilet ndek grafika.
1. Toilet ndek ngarep, daerah kelas MM sakdurunge undak-undakan OSIS. Iki biyen toilet guru tapi saiki dadi toilet siswa. Mari onok sengketa daerah teritorial terus di gowo nang mahkamah internasional, akhire toilet iki di menangno ambek siswa (seng terakhir iku mang goro). Woh lego aku, biyen ate nang kene isin isin barang aku.
2. Ndek ngarep e masjid. Enak aslie tapi yo ngono, jeding lanange ganok wcne. Onok aslie sangking sek maintenance, nah saiki wes mari. Dadine wapik, bersih dadi tempat terindahku ndek grafika :D
3. Toilet pojok mburi nyelempit tersembunyi banjir kotor dan bau. Sumpah lek gak terpaksa gak kirane rene aku, sangking ae tuntutan profesi seng mekso. Saiki jeding favoritku wes bukak kok :D
4. Toilet mikro, mek gae pipis tok sempit pisan. Nggene ndek tengah tengah undak-undakan gedung sebelah kiri.
5. Koyok e ndek gedung sebelah kanan ate di bangun toilet anyar pisan.

Petualangan beolku wes ndek omahe sopo ae aku. Tak review sak apalku ya, this is it : Omae budeku, omae supire pas moleh mudik (gak tertahankan soale), omae mbahku ndek ndeso, Grafika toilet endi ae, petek, faiz, mbah yudhi, agus, zein, tung tung, matos, mog, mandala, eureka, kali pas ndek omae mas kepet(ojok nyobak, hasile diare 2 dino), and many more. Wakeh yo, tapi seng paling ekstrim iku ndek kali, sumpah gara gara iku 2 dino diare. PP kamar jeding peng piro ae. Gak menghargai pisan, wes mlayu mlayu nang jeding terus ngeden sekuat tenaga metue sak ikhlase -.-

Satu quote dari saya " bekerjalah dengan perasaan seolah-olah anda sedang beol".
Wes ya mbahas beol e, mumpung wcne RBC sepi. Tak beol sek :D

18 tahun 18 isyarat

- my life instantly changed from our first kiss
- lingkar pelukmu adalah satu-satunya hal yang selalu terbayang, ketika aku mendengar kata 'teduh'
- kau, sesuatu yang sering kubicarakan di depan Tuhanku, dengan perasaan penuh keriangan
- lengkung senyummu, adalah hal yang lebih dari cukup, untuk membuatku mengerti apa definisi dari keindahan
- mendoakanmu adalah cara paling syahdu untuk mencintaimu
- senyummu kekasih, adalah puisi terindah yang senang kubaca, tanpa perlu ada aksara dan metafora didalamnya
- kau adalah satu, yang mengisi hidupku. penuh
- jika mencintaimu adalah sebuah mimpi, aku hanyalah seseorang yang menghabiskan seluruh hidupnya dengan tidur
- you're just simply reason to smile :)
- kasih, biarkanlah air mata menetas di kedua mataku, agar ada sesuatu yang bisa di usap oleh jemari tanganmu
- kau dan aku, adalah komposisi yang lebih dari cukup, untuk menciptakan candu. bernama rindu
- merindukanmu membuatku mengerti, bahwa kau adalah sesuatu yang selalu ada, meski tanpa pandang mata
- kau tersenyum membaca puisiku, itu adalah kesenanganmu. aku menulis puisiku dari senyummu, dan itulah kesenanganku
- kehadiranmu mewarnai hidupku. jangan pergi, aku bisa buta warna
- kau adalah sesuatu yang sering terlihat, tanpa harus membuka mata
- mungkin dimata mereka, aku memuja keindahanmu terlalu berlebihan. tetapi dimataku, keindahanmu memang terlihat lebih
- kecupan bibirmu adalah surat cinta yang ditulis langsung oleh bibirmu, yang telah di baca langsung oleh bibirku. syahdu
- jika kamu adalah keindahan, memilikmu adalah sebuah anugerah

si 2010

Januari

- Taun baruan, keliling geje tanpa tujuan. Regane es teh ambek capuninno larangan es teh
- Mulai sering mbolos psg
- Hapeku kurus, masa tenggang datang
- Wartawan :D

Februari

- Hape mulai bernyawa
- Ketemu petek, ples coklat valentine sama kaos putih :D
- Birthday, nothing special as always
- Traktiran,petek tok tapi, hehe

Maret

- Golek kado petek, gae ulang taune ratna. Masio lewat seminggu
- Aduh emon nggowo arek wedok :D
- Compaq presario cq41 :D

April

- Age of telecenter was ended. Gabung Seamolec
- Hape sepi
- Rumah kedua = sekolah, tugas memaksa saya untuk tinggal di sekolah
- Ayuk mulai kayal. Interogasine medeni

Mei

- Ulang taun petek. Aku kayal pas iku, gak ngerti kenopo ? Rumah petek selesai langsung nginep sekolah (untuk kesekian kalinya). Bontot tekok emak e petek urakan ~
- Nighty :D
- Java mobile application
- Joined Eyez Crust :D
- Film film ! Edit edit !
- Ulead Video Studio 11, pin this program to taksbar


Juni

- Foto foto :D
- Photoshop, pin this program to taksbar
- Aduh web -.-
- Mulai nggak nyambung ambek seamolec


Juli

- Kenaikan kelas. Badnews from petek
- Masalah nilai psg. Aduh ruet -.-
- Munggah tapi :D

Agustus

- Bet abang cooorr :D
- DBL dadi jurnalis jeh, psg budal jam 9 moleh jam 11 yehe !
- Janji !
- Petek budek -.-
- Puasa puasa , lek gak kuat yo gak usah :D
- Aku duwe ojob ilo !

September

- In a relationship with fira mellyanti izzazi
- Aduh posoku kebek, kok apik seh ~
- Riyoyo ~
- Masa masa gak niat psg. Web menggila ~
- Foto prewed :3
- Psg telah usai. Sekolah tapi -.-


Oktober

- Rekaman aku jeh, gak ngurus suaraku kayal. Good boy jimmy feat. Good friend peppy - waiting the sun goes down (lek kupingmu rusak guduk tanggung jawabku)
- Mulai tarung ambek petek
- Keliling nyebar proposal
- Kssh 23, aku melihat sesuatu yang dulu pernah ada. Endinge gue moleh setengah telu men
- Mbah e musili mesoh ~

November

- Petek mulai urakan ~
- Rajin rajine futsal, seminggu sampek peng 4 barang
- Pep kon gak les a ?
- Adi ms :D
- Tempe bacem menggila. Zen urakan, sak tempe 4 centong. Wonge lek pas awak dewe mangan lak mesti melbu. Iku nangis paling, " aduh kok teko maneh makhluk lincah bertubuh gelap berambut keriting dan sedikit gemuk ini"
- TA di kumandangkan, gendeng seng pembelajaran lek dipikir pikir. Input murid te grafika, ngerti kan jumlah murid te sekolah sepi iku ?

Desember

- Awal desember nggarai syiok. Suasanae tepak pisan, pas udan udan lagune mellow.
- Petek tambah urakan ~
- Dadah adi ms ~
- Launching GBJ, aduh iyo kaose mas gigih sek ndek aku -.-
- Ujian datang, metode yang di gunakan sungguh menyiksa. Aku nggak sanggup menanggung beban ini (aduh lapo ae seh -.-)
- Matku gendeng ! Wapik !
- Prei prei, tapi ndek omah ae wes. Marekno masalahmu sek (bahasaku -.-)
- Taun baru ndek omae petek, pesta kembang api :D


Hope and Dream 2011

LULUS
DKV
Anniversary

Idola, mimpi, ambek cita cita ~


Wes peng piro ae aku nyobak kabeh idola, mimpi ambek cita cita tapi koyok e kurang pas kabeh, sampek akhire aku nemu seng paling wasik. Idola, mimpi ambek cita cita, 3 iku nyambung kabeh. Mulai aku ngidolano wong sampek ngimpi dadi wong iku, terus duwe cita cita seng podo ambek idolaku.
Kabeh wong pasti duwe cita cita, lek menurutku iku gae tujuan urip. Lek ganok cita cita kon ate lapo, Uripmu ate manganturunelek manganturunelek, Susah beh ~
Mulai cilik aku duwe sakjuta ewu ewu eket cita cita.

Kayalan hari ini

Awal e mek guyon mene ate ijab Kabul
Ancen podo podo geje ples seneng ngayal dadi yo nyambung terus
Petek tak kongkon mbalek nang malang, tapi de’e ngongkon aku nyusul nang madiun numpak bis, terus engkok di kek I alamat moro takok supir angkot
Podo podo gak gelem ngalah, moro sepakat ngenteni petek moleh sek
Moro ngurus kua, ambek golek penghulu bareng bareng
Mari tekok kua ngukur klambi, milih undangan
Foto prewed !
Fotografer e adis, editor e musili. Fotone outdoor cek ketok bintang :D

Konco

Duwe konco iku enak sumpah. Rusak apik mboh model opo awakmu pasti diterimo
Masio ta aku tompelan
Masio ta bartindo sak rai cangkem tok
Masio ta zen ngebek ngebek I nggen (gak zen tok seh, onok maneh sek an, tapi wedi tersinggung aku)
Pasti sek di terimo dadi konco
Susah seneng bareng, mangan ngombe bareng, pipis eek bareng (gak enak koyok e)
Sampek angel dipisah koyok lem sego ngambek layangan
Sampek onok pepatah
Sejuta teman kurang, satu musuh terlalu banyak

Nganggur



Kenek opo aku nulis iki ?
Jawapane nganggur

Aneh yo ? ancen yo ngono iku aku. Bisa melakukan apapun tanpa sebab, hahaha
Aku ancen gak seneng nganggur, kudu onok kegiatan mboh iku lapo ~
Korban korbane akeh wesan, misal ferrys pas psg ndek seamolec. Pas arek e nggarap ono moro moro tak gepuk,
terus de’e takok “lapo e ? “

Maaf

Gak ndek sms, fb opo twitter
Tulisane “maaf”
Artine global, aku minta maaf ples memaafkan

Kenek opo kok singkat ?
Aku gak pinter nggae kata kata, tapi sak kata iku ae , ben wong mesti ngarteknoe bedo bedo. Cukup sak kata wes iso ngewakili.

Opo o kok “maaf” padahal biasane kon nggae boso jowo, opo o kok gak “sepurane” ae ?
Soale cek global, bahasa Indonesia lak menyatukan bahasa bahasa a (megaya)

Tekos



Kewan khayal seng paling tak wedeni. Sumpah ben ketemu arek iku mesti ndredek aku. Padahal lho yo lecek, ngono aku yo kok wedi.
Gak aku gak wedi, mek gilo !
Lek ambek hamster opo marmot ono sek wani aku. Lek musuh tekos sumpah gilo.
Buntut e ilo ~
Nggemesi  *pose unyu* (tapi dalam arti sebaliknya, unyu dadi anya)

Wes peng pindo aku berhadapan langsung ambek tekos.
1.       Pas pertama kali futsal aku lak nggoleki sepatuku a. Ancen wes suwe gak tak gae dadi nggene ndek njero nemen. Pas tak jupuk muncul monster tanpa bulu berkepala tikus meloncat dengan indahnya. Aku langsung bergerak cepat melebihi kecepatan cahaya menuju tempat evakuasi (maksut : kamar)
Raiku putih pucet, ndredek nuemen lebih ndredek timbangane di cedek i arek wedok, langsung bisu, kaku koyok wong stroke. Untung onok ibukku seng iso berubah dadi power renjes pink seng nggowo tongkat, langsung tarung musuh monster monster iku. Lek ibukku yo menangan ta jeh ~
Koyok e ndek omah seng iso musuh tekos mek ibuk tok, sakti ancen :D

Panggilan

Biasane ~
Biasane lek wong pacaran iku wes onok panggilan dewe nang pacare. Onok seng cinta, sweetheart, honey, bunny , sweety, sampek seng nggilani yank (nggae "k" lho iku) opo seng lebih parah "ieaanckghst" hara kon ~
Aku gak ngelarang wong ngomong ngono, tapi


Tumblr

Saran tekok agus a.k.a simelamyne ambek irtak ngongkon aku nggae tumblr. Ngomonge luwih gampang timbang blog.
Pertama seh pikir pikir sek, blog iku wes suwe tak gawe mosok moro moro pindah ke lain hati *ngelus ngelus blog*

“sori lho blog(pas kata “blog” ambek nyentak”), aku koyok e ate poligami.”
“iyo pep gakpopo”, blog nangis titik tapi ikhlas.

Langsung mbukak http://www.tumblr.com
Wes mari kenalan, daftar dan sebagainya, pas ate posting untuk pertama kalinya koneksi melok lemes, gak semangat blas. Jarene seh gara gara gak sahur arek e maleh lemes.
 Posting ditunda ~

Nah sekarang koneksi sudah semangat seperti biasanya.
Langsung posting.

Oiyo, postingan seng ndek blog koyok e onok seng tak copy rene, gakpopo wes ya ?

Selamat bergabung di http://emonbebekmerah.tumblr.com
yeyey ~

Yeek

Yoiku kata paling sering tak gae. Padahal mek singkat tapi akeh seng ngomong lek iku megelno. Jare petek pisan raiku paling megelno lek pas ngomong yeek. Artine yeek iku opo e ?

Seng durung onok kamus seng isine onok kata yeek mangkane aku gak ero arti aslie.
Ruet ancen yo ? Lek pas cilik ngartekno seng nggilani iku jenenge yeyek tapi opo podo ambek yeek ?

Lali aku mulai kapan belajar ngomong yeek. Tapi ben mesti ngomong yeek reaksine wong wong mesti bedo bedo.

Peppy by Fira Mellyanti Izzazi

TIGA !
15082010 2259
Some little things about Peppy
- Tompelnya banyak di muka sisi kanan ! kecil kecil , sama yang gede ada rambutnya
- Jerawatnya gede gede di atas mata sebelah kiri
- Kerian dimana mana , dipegang dikit udah nggliut nggliut nggak karuan
- Gusinya gede !
- (ngakunya) hampir sixpack nggak tau iya apa nggak
- Kayak aku , punya tailalat dibawah bibir :3
- Jam bobo biasanya mentok mentok jam 11an
- Tingginya nggak beda jauh sama aku =.=
- Ukuran kakinya kisaran 39-40 . kayak aku (lagi)
- Nggak pernah ngerokok ! apalagi mabuk . salut aku ~
- Dimple-nya mekso -3-
- Ngaku ngaku ngganteng
- Berapa minggu ini (nggak deng , beberapa bulan) nggak suka godekan
- Betisnya gede , horor :3

Tampilan Baru

Yeyeyey !
Wes bosen ancen nggae tampilan seng lawas, warnae kenemenen. Kursor e muter muter onok tulisane peppy melok i terus. Update yo jarang. Tapi saiki wes bedo !
 Tampilan anyar. Tambahan widget e wes akeh. Aslie guduk aku seng nambai, di ewangi septa aku. Onok chat e, wes tak setting cek gampang metu emoticon e, contoh :

Emon !

Emon, iku jenenge sepedaku mboh opo o kok di jenengi iku. Seng njenengi yo guduk aku, arek arek sma 6 seng njenengi, lek tak jenengi paling jenenge sepeda motor.


Ciri Ciri

Sepeda seng kecepatane paling banter paling 60, lek keadaan mati ndek dalan mudun iso sampek 100 barang. Totok ngarep sebelah kiri ganok mur e dadi uculan, dadi lek mlaku ambek nyekeli cek gak klotak klotak. Lek gas e entek iso mati barang, tau aku pas ndek stopan pas lampu abang murup terus dadak pas ijo langsung mati, mbolan mbaleni sampek peng 3(bayangno iku). Speedometer e rusak, seng gae ngecek bensin yo rusak dadi yo sering lali ngisi bensin sampek nyurung nyurung barang(bonar gelek iku ngancani aku nyurung). Mbukak jok kudu nggae kunci khusus, kunci peok bekas e gembok sepeda pancalku. Onok cara lio gae mbukak jok, lek kon perhatekno ndek plat mburi iku onok tali, lha iku tariken terus jok e bukak en. Lampu sen e saiki yo rusak, gak iso murup. Kontak e bentuk e aneh, lek gak ero tengeran e iso muter sak lap sek ket iso melbu genah. Oline bocor, ben mandek mesti onok jejak e. Skok(gak ngerti tulisane seng bener yok opo aku jeh) mesti muni ngak ngik ngak ngik. Lek pas ngerem suarane aneh. Sepedae anteng, lek gae culculan enak. Bensine irit gak karuan. Lek nang stoppan onok wong ngamen mesti di liwati, mboh opo o? padal yo lek ngamen nang aku yo gak tak kek i.

Sejarah e Emon

settings variable JDK di windows

Klik kanan pada My Computer, pilih Properties



Pilih Advanced system settings
Klik tab Advanced, kemudian klik tombol Environment Variables

Tamban Berdosa


Minggu, 28 maret 2010. Gak kirane ilal au ambek kejadian pas tanggal iku. Pertamae pas dino sabtu ngumpul nang eureka, janjian ate dolen mboh nangdi pokok’e budal jam 7, padahal asline aku ate kolem nawaku seng ate nang omrob tapi gak odis polae aku nang eureka ambek petek, lek aku kolem nang omrob petek molehe yok opo. Wes gelem kabeh ngumpul jam 7 !
Moro pas minggune kusi-kusi tomat wes tak kongkon nang hamur, moro nyusul tung-tung. Wes ngumpul arek 3, moro telpon bonar, jam 7 iku telpon tapi arek’e sek sante-sante ndek hamur’e. Jasik !! wingi ngotot jam 7 tapi sek sante-sante. Moro musili telpon aku lek gak nggowo adepes. Waduh tambah tewur ae.
Moro nang hamure bonar au. Sms-I kera-kera gae golek goncengan, yoga gelem tapi nggowo diki, waaah yo podo ae gondrong. Moro nang zein wes, zen gelem tapi gak di kandani lek ate nangdi. Musili moro telpon membawa kabar gembira, adepes’e osi di gowo. Yuhu ~ oleh goncengan.
Zein ambek bonar nang hamur’e musili, aku nyusul T2 (tomat & tung-tung). Ngumpul nang musili ngatur goncengan aku ambek musili, T2, bonar ambek zein. Trus ladub nang omae luki. Zein lek nggowo peda nalep pol, koyok motor cinta, aku maleh inisiatif gonceng zein,polae lek zein ambek bonar moro zein ketinggalan lak ayahab ta, podo-podo gak eruh dalan’e, lek aku lak eruh a(megaya !). Formasine ganti zen ambek aku, T2, tio luki,bonar musili,mbayonk dewean tapi maringono nyusul tindo sek.
Ladub !!

Arema vs Persebaya

Pertandingan seng paling di enteni, musuh bebuyutan sak buyut-buyut'e dimusuhi...hehehe...
Tiket'e ae sek dino jumat wes akeh seng entek padal maen'e sek minggu. Ayas yo ngungib ukut tiket ndek ndi. Akhir'e nyobak nesep ndek sam kamim, nesep 8 tiket iku mboh kurang mboh lebih gak ero wes. Dino minggu di etong arek'e kok mek 6, yo wes sisae di tuku lek hud ambek aku. Cek iso di dol henam, nayamul a jez. Dino sabtu ae tiket sing rego asline 25 iso dadi 35, lek dino minggu lak tambah heka ae ta. Jam 9 kusi njokok tiket ndek sam kamim, pertama jare rego 35, waahhhh yo ojok sam, modon dadi 30, akhir'e deal rego 28. Moro awan-awan nawak'e sam memet golek tiket, yo wes wekku tak dol ae lumayan payu 40.

Jam setengah 2 ladub, asline aku pingin ngerab sam memet tapi kera-kera wes ladub yo wes gak sido. Tuku ninseb sek ndek nagrem, lha ayas ladub ambek emon yo di iseni 5ewu ae cukup. Ngumpul ndek pom bensin nukus moro ladub wes. Pas ndek dalan ayas lak nggawe kocomoto a jez, ambek kodew ndek libom iso di rasani own.... ayas yo mesam mesem tok ta...hehehhe....

Killing Me Inside in Gedung Ganesha

Kipa acara iki jez,, wes band'e kipa band pembuka'e yo kipa. Mangkane nesep tiket pas reboe masio mainne sek sabtu masio ngono yo luwih murah lek sakdurunge hari h(aku asline gak itreng maksud'te "hari h" tapi akeh wong sengg nggawe istilah iku, aku yo maleh kolem). Nesepe nang ketuae vierrania sam "RW", nesep hulupes ojir'e 250000 pas wes. Jare wonge " rek sabtu NGENE lOH !!!" (tangan loro karone di gawe model metal terus di silangno, raine yo mbanyol pisan) .


Mene'ne njokok kwitansi ndek sma lab(halokes'e sam RW), njokok tiket'e sabtu nang buzz store.Pas njokok nang buzz jare wonge di kongkon njokok nang "venue" e (guaya nggawe boso inggris).
 

© Copyright njebrot . All Rights Reserved.

Designed by TemplateWorld and sponsored by SmashingMagazine

Blogger Template created by Deluxe Templates